Rabu, 01 Mei 2013

Cerita untuk Anak Usia Dini Versi Ngapak

Hmm,, udah lama ni gag posting,, Nah kali ini aku mau berbagi tentang tugas kuliahku di semester 5 kemarin.
Semester 5 ada mata kuliah pengembangan bahasa dan seni tradisional untuk Anak Usia Dini,, nah untuk tugas akhir, kami diminta untuk membuat sebuah cerita dengan menggunakan bahasa dari daerah masing - masing ,, karena aku berasal dari daerah Cilacap, maka aku menggunakan bahasa Ngapak dalam cerita ku,,,
teretetetetetetettttt...... ini dia hasil karyaku


DHEWEK KABEH BATIRMU
Benny uripe nang kota. Pegaweane mlayu – mlayu, mbengok – mbengok, nguberi kucing, karo mbandhemi manuk. Sawijining dina, Benny aring gone pamanne sing nang desa. Jenenge Paman Mail, Paman Mail ngingu kewan akeh banget, ana sapi, wedhus, pitik, banyak, kucing, karo mbaung.
Seumur uripe, Benny urung tau weruh kewan seakeh kuwe. Kewan – kewane dibengoki, diuberi, malah ana sing dibandhemi.Kewan – kewan pada mlayu, trus umpetan. “Nangapa si bocah kae jahat temen kambi dhewek? Maganen dhewek kan batire. Masa dhewek diurak, diuberi, malahan dibandhemi karo watu. Apa ora ngerti nek dhewek batire? “ takone kucing karo kewan liane
“Kepriwe nek tek srudhuk ben kapok?” Sapi usul
“Iya, ngko tek uber – uber, tek sosor.” Banyak melu ngomong
“Nek perlu tek cokot nganti kelaran.” Mbaung ora gelem kalah
“Tapinen, nek dhewek kaya kuwe, ngko bocaeh nganggep dhewek musuhe, udu batire.” Wedhus ngomong
“Mendhingan, Benny diwaraih kon sayang aring kewan. Benny mung ora ngerti nek dhewek batire.” Sapi aweh saran.
“Nek kaya kuwe, dhewek bareng – bareng bae nyengi Benny ngomong.” Mbaung nambaihKewan – kewan mau marani Benny sing keturon nang ngisor wit. Benny kaget krungu suarane Sapi, trus wedi weruh kewan – kewan ngrubungi.
“Nangapa kowe nglarani kewan – kewan ? Maganen, dhewek kan batirmu.” Takonne Sapi
“Batire Nyong? Apa buktine? Kowe ra tau nglakokna apa – apa nggo Nyong.” Benny ngomong.
“Oh, dhewek wis nglakokna akeh nggo kowe Benny.” Sapi mangsuli.
“Nyong ra percaya.” Benny mbanggel.
“Kiye rungokna,” Sapi mangsuli maning
“Saben dina kowe nginum susu, maem roti karo mentega karo keju, kuwe kabeh kang Nyong.” Omonge sapi
“Nyong njaga umahmu,” Mbaung melu – melu ngomong
“Nyong aweh endhog nggo sarapan kowe karo gawe roti. Nangapa kowe malah mbandhemi Nyong kambi batir - batire Nyong karo watu, maganen wis akeh sing diwekna nggo kowe.”
“Ya ampun, aku bodho banget, ra ngerti nek kowe padha batire Nyong. Yakin, aku ra ngerti. Jan – jane Nyong udu bocah nakal, Nyong mung ra ngerti nek wis akeh sing diwekna nggo Nyong karo kluarga kang kowe – kowe padha.” Omonge Benny
Kawit kuwe Benny eman banget aring kewan. Benny ngrasa seneng nek bisa nyenengaken kewan – kewan sing ditemoni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar